Rabu, 27 Juli 2011

Kawan setan

KAWAN SETAN .


Di sebuah desa tepatnya desa Kedung Sari, dimana masyarakatnya masih sering kumpul cangkruk di sebuah pos kampling atau pos ronda. Disebuah pos ronda di pinggir desa yang biasanya setelah isya’ banyak yang cangkruk, baik muda maupun tua.
Pada saat malam minggu malam bulan purnama bulan syuro tanggal 25 februari, di malam itu hujan baru saja reda setelah lebih dari tiga jam hujan deras.

Anto : aduh……..! kok jek sepi yo…! Nang ndi wong-wong iki, biasane jam sak mene wes rame, kok dengaren jam 9 jek sepi. Alah……! Paling-paling jek podo nang omah. Rokokan dewe uenak, opo maneh adem-adem ngene…….!

Tak lama kemudian datanglah jono di sela-sela anto sedang menikmati rokok kreteknya.

Jono : to…..! dewean wae to…!
Anto : eh…..! kowe to no….! tak kiro sopo. Iyo aku ijenan, mboh wong-wong iki podo nang ndi, jam sak mene kok durung ketok.
Jono : alah…….! Paling-paling yo podo aras-arasen, adem-adem bar udan ngene yo pilih nang omah wae.
Anto : yo….iso wae, aku dewe mau yo aras-arasen mrene, opo maneh sepi. Nanging, nang omah aku tambah sumpek.
Jono : lha nyapo kok sumpek? Opo bojomu ngoring-oring awakmu?
Anto : yo ora……! Biasane kan yah mene metu ngomah. Wes ora usah dipikir.

Selang beberapa menit mereka asyik ngobrol, datanglah pardi.

Pardi : ngomongne opo tho iki! Kok koyo e temenan banget……!
Jono : oalah….! Kowe tho di, ora ngomong opo-opo.
Pardi : lha kok kat mau tak sawang koyo e ngomongne masalah serius.
Jono : oral ho, iki mau anto ngomong, wes yah mene kok jek sepi, nang ndi wong-wong iku. Paling-paling podo aras-arasen metu ngomah, wong adem-adem bar udan.
Pardi ; iyo….! Paling-paling yo podo aras-arasen.mbuh lek podo kelon!
Jono : awakmu ke enek-enek wae! Hehehe…. Pardi……. Pardi…….!
Anto : awakmu soko ngendi?
Pardi : soko ngomah.
Anto : ora dodolan tha?
Pardi : ora! Mau arep budal kok udan, yo……tak tinggal turu wae….!
Jono : lha bojomu opo ora moring-moring kowe ora dodol?
Pardi : yo…mau nakokne, “nyapo kok ora sido budal, wong biasane udan-udan barang yo mangkat, wong udane ora deres“ tak jawab wae kesel dik.
Jono : ngono tho…….!
Pardi : eh no! piye sawahmu? Rusak opo piye, jarene mau kali sawah banjir?
Jono : alah mbuh! Nasibbe wong tani saiki ara tau mujur. Lek tigho sawah ora ono banyu, lek rending, kakeyan banyu malah klelep.
Pardi : sabar wae tho! Yo pancen kabeh penggawean iku ono resikone. Yo tho!
Anto : yo pancen bener, aku dewe nyambut gawe blantik sapi yo kadang apes, kadang mujur.
Jono : lha piye bakulanmu seng mbok gowo nang pasar mau? Payu opo ora?
Anto : alh, aku dewe yo bingung, mosok wong-wong pasar iku, krungu kabar akeh-akeh sapi saiki akeh seng penyakiten, ngono wae seng nawar 5 yutho medun. Padahal sapiku sehat.
Pardi : yo pancen, biasane lek sapimu iku didol 7 yutho yo payu.
Jono : mangkane iku ora sido tak dol. Tak gowo muleh maneh.
Anto : bakale yo payu no….no, sabar wae! Payu….payu!
Jono : yo…yo….., mugo-mugo wae cepet payu!

Anto : eh….! Bojoku mau ngedang telo, arep ta? Lek arep tak jupokne.
Jono : tepak, yo jupuken, tak gawekne kopi, adem-adem ngene enak golek seng anget-anget.
Anto :yo wes tak jupuke sek, entenono nang kene yo…..!
Jono : tak gawekne kopi pisan.
Pardi : yo….yo tak enteni.

Setelah mereka berdua pergi, tingallah pardi di pos ronda itu sendiri. Tak sengaja pardi melihat ada dompet tergeletak didekatnya.

Pardi : lho! Dompete sopo iki, paling we e anto. Mumpung ora ngerti wonge!

Langsung saja pardi pulang dan disimpannya dompet itu di lemari.

Sumi : opo iku mas?
Pardi : dhudhuk opo-opo. Wes menengo wae.(langsung keluar lagi)
Sumi : lho mas…mas! Arep nang ndi maneh? Mas…mas….! O…..dasar bojo ora nggenah, wong ditakoni kok malah ngaleh.
Yuli : wonten nopo bu…!
Sumi : ora ono opo-opo.
Yuli : kok bapak medal maleh, bade teng pundit?
Sumi : mbuh arep nang ndi bapakmu, tak takoni ora gelem njawab. Kowe wes diwehi duwit gawe SPP wulan ngarep opo durung?
Yuli : dereng bu! Wau kulo bade nyuwun, bapak tilem. Kulo badhe nggugah mboten eco. Mbenjing mawon bo!
Sumi : yo uwes, wes awkmu ndang turu, wes wenge, sesok sekolah kok!
Yuli : nggeh bu!
Sumi : aku yo wes ngantuk. Tak turu wae! Hah…….!

Setelah pulang, parsi langsung kemali ke pos ronda dan tak lama kemudian datanglah dua orang teman pardi.

Tejo : di..! awakmu nang kene to, tak golekki nang warungmu, tutup. Tibakke nang kene.
Pardi : iyo….jo! mau aku arep budal kok udan. Alah males!
Timbul : males yo males……! Nanging koncone seng soro……..!
Pardi : soro piye tho? Wong warung seng bukak yo akeh.
Timbul : iyo…! Nanging wes kebiasaane nang warungmu, opo maneh iso ngutang! He…
Pardi : oalah…..ngono tho…..!
Tejo :eh……di! Jarene daerah sawahan mau banjir yo?
Pardi : iyo! Mbuh, akeh sawah seng kebanjiran, jare wong-wong mau!
Tejo : yo untung wae, untung sek jek tas podo nandur.
Timbul : untung piye to jo! Wong sawah kebanjiran kao untung, yo poso rusak parine.
Tejo : iyo ngerti mbul…! Untung wae sek tas nandur, cobo lek wes wayahe panen terus kebanjiran, opo ora tambah rugi!?
Timbul : iyo….yo!
Pardi : lha piye masukanmu? Oleh akeh ta?
Tejo : alah….! Dino iki mau yo sepi. Mung oleh rong puloh ewu tok!
Pardi : yo iku wes untung, timbang ora oleh blas.
Timbul : lha aku tambah nemen, mung oleh pitulas ewu.
Pardi : alah…..! wong diwehi rejeki kok ngresulo. Lek di wehi rejeki akeh, lali konco. Lek diwehi rejeki sitik, podo ora terimo. Menungso….menungso….!
Timbul : nggeh pak kyai……..! leres dawuhe njenengan….! He……!
Tejo : di…! Aku tak muleh sek yo…! Wes wengi, mengko bajoku nggoleki. Adem-adem ngene wayahe kelon. mbul, kowe muleh pisan opo ora?
Timbul : yo ayo…! Sesok ngojek maneh…! Aku yo wes ngantuk. Ayo di….., tak tinggal sek……!
Pardi : yo…! Eh…..aku bareng tekho omah sek. Arep jupuk rokok.
Timbul : yo ayo……..!

Selang beberapa menit kemudian anto datang dengan membawa telo yang diambilnya dari rumah.

Anto : lho….! Kok sepi……! Nang ndi wong-wong mau. Wong digawakne telo malah ngilang.
Jono : to….! Nang ndi pardi mau? Digawakne kopi kok malah ngalih…..!
Anto : lha mbuh. Aku mrene wes ora ono. Muleh paling.
Jono : lah…..! rokokku entek…! Tak tuku disek….!
Anto : tak tambahi…..! lho…….! Dompetku mau nang ndi?! Mau koyo nang jero sak, kok ora ono.
Jono : paling ketinggalan nag omah….?
Anto : ora…! Aku mau metu ngomah tak lebokne sak. Mosok jeblok?
Jono : paling kowe lali delehne….?
Anto ; oh iyo….yo! eh……mau tak dekekne sandingku kene….! Nanging kok ora ono..!
Pardi : ngoleki opo to?
Anto : dompet. Kowe ngerti dompetku opo ora?
Pardi : dompet……! Ora….! Lha mbok selehne nang ndi?
Anto : mau nang sandingku kene, lha awakmu mau nang ndi?
Pardi : mulih jupok rokok.
Jono : awkmu mau ora ngerti ono dompet nang kene, sak durunge muleh?
Pardi : ora! Mosok dijupok koncoku mau…!
Anto : koncomu sopo…?
Pardi :tukang ojek nang prapatan. Tejo karo timbul, mau kan pas awakmu mulih, tejo karo timbul mau mrene.
Anto : oh……! Yo wes, sesok lek ketemu tejo karo timbul, takokno yo!
Pardi : yo…yo…..!

Tiba-tiba datang pak RT yang melihat kebingungan mereka.

Pak RT ; ono opo to iki? Kok koyo e ono masalah?
Jono : ngeten lho pak RT, niki wau teng mriki wonten kulo, anto kalih pardi. Terus anto mantuk mendet telo, kulo mantuk mendet kopi.
Pak RT : terus ono opo?
Jono : lha pas anto mriki, ngrumangsani dompete ketinggalan teng mriki.
Pak RT : lha dompeti saiki piye ?
Jono : lha nggeh niku, pas kulo kalian anto mriki pun mboten tiang. Wau kan sak derange wangsul tasik wonten pardi.
Anto : nanging pas kulo mriki mboten wonten tiang. Pardi kulo tangleti mboten sumerap. Kulo ileng temen dompete kulo dekekne mriki sanding kulo.
Pak RT :mengko kari nang omah?
Anto : mboten pak RT, leres kulo deleh teng mriki, teng nggriyo ngeh mboten wonten.
Pak RT : parsi! Awakmu ora ngerti dompete anto?
Pardi : mboten sumerap pak, kulo wau nggeh langsung wangsul mendet rokok, pas anto kalian jono wangsul. Nanging kulo wau sak derange wangsul wonten rencang kulo ngobrol sekedap teng mriki.
Pak RT : jaremu mau langsung mulih, kok ngomong-ngomongan karo koncomu. Piye to! Seng jelas tho lek ngomong !
Pardi : nggeh wau kolo ketemu rencang kulo teng mriki terus ngobrol sekedik terus kulo langsung wangsul. Eh…….! Rumangsaku mau teng sanding kulo wonten dompet, terus di beto rencang kulo. Nopo niku dompete anto yo….!
Anto : dompete rupane ireng?
Pardi : iyo…iyo! Dompere ireng, dompet kulit.
Anto : nggeh leres pak RT, niku dompet kulo. Persis…..!
Pak RT :oh….! Berarti dompetmu ditemu koncone pardi. Yo wes di, tulong dompete anto jalukno nang koncomu yo….?
Pardi : nggeh pak, kulo mbenjing menawi ketemu kulo pendetaken.
Pak RT : yo wes, aku arep nang omahe mbah marijan, ono urusan sitik.
Jono, pardi, anto: nggeh pak RT. Matur suwun…!
Pak RT ; yo….yo….! podo-podo. Yowes tak tinggal disek. Assalamu’alaikum…
Jono, anto : wa’alaikum salam…..

Pardi : yowes lek ngono aku tak mulih disek!
Anto : lho nyapo kok muleh? Iki telone during dipangan.
Pardi : wes……wes warek, nang bojoku kon ndang mulih.iki lek pingen rokokan jupukku
Jono : yo….! Wes loro wae!
Pardi :ora nambah to?
Anto : wes….wes…! gowonen telone!
Pardi : iyo…..! telu wae wes cukup !
Anto : lha kok gur sak mono, jupuko maneh….!
Pardi : wes to…..! sopo seng arep mangan….bojoku yo wes turu. Suwon yo….tak mulih!
Jono : yo….yo….!

Anto : sek….sek….! no, awakmu ora ngroso ono seng ngganjel omongane pardi mau!
Jono : ngganjel piye….?
Anto : mau ngomonge seng kawitan, pardi langsung mulih, terus ngomong maneh, mgobrol karo koncone! Lha seng beber ndi….?
Jono : iyo…yo….! Mosok seng jupuk dompetmu pardi. Nanging tingkahe nbeneh, ora tau gelem ngakoni seng ngono iku.
Anto : nanging wong lek kadung kepepet yo iso wae….!
Jono ; yo,,,iso wae! Lha piye karepmu saiki? Opo njaluk tulong mbah marijan wae?
Anto : yo….ayo! mumpung sek jam sepuloh.
Jono : ayo…..!

Kemudian mereka berdua mendatangi mbah marijan sebagai sesepuh desanya itu.

Jono : assalamu’alaikum……
Mbah : wa’alaikum salam…….. monggo…..monggo pinarak! ono opo iki……? kok koyo e ono masalah!
Jono : enggeh mbah. Niki wonten masalah engkang bingungaken kulo kaluan anto!
Mbah : masalah opo……….?
Jono : ngeten mbah, anto kalian kulo wau teng pos, terus dugi pardi, kulo wangsul sekedap damel kopi. Anto wangsul sekedap mendet relo.
Mbah : terus opo masalahe…?
Jono : pas kulo kalian anto wangsul, kan tasik wonten pardi teng pos. nah…pas kulo kalian anto mbalik teng pos, anto ngrumangsani dompete ketinggalan teng pos. pas pardi mbalik teng pos kulo tangleti mboten sumerap lek wonten dompet. Jarenr wektu kulo tinggal piambak, pardi langsung wangsul,
Mbah : Lha…terus permasalahane opo….?
Pak RT : nyuwun sewu kulo jelasaken. Wau ngakune pardi langsung wangsul, terus ngomong maleh lek wonten rencange ketemu teng pos.
Mbah : o…….dadi awakmu nuduh pardi seng ngerti dompete anto,
Pak RT : nggeh mbah….! Anto niku pun yakin lek dompete ketinggalan nang pos. otomatis kan engkang ngertos menawi dompete anto ketinggalankan pardi.
Mbah : o…..iyo….iyo! lha wes jelas ngono lho!
Jono : tapi omongane pardi engkang pundit seng bener. Kawitan ngomong de e mboten sumerap mergi langsung wangsul, terus ngomong maneh ngertos dompete di beto rencange.
Mbah : pardi ngomong seng kawitan karo seng keloro ketok gugup opo ora?
Jono : oh……nggeh, pardi pas ngomonge kok rodok mlenca-mlence terus rodok gugup.
Mbah : oh iyo. Berarti pardi perlu dicurigai. Soale sing ketokkan terakhir nang pos pardi. Yo…iyo…..aku paham. Wes ngono tok!
Jono : nggeh ngoten mawon mbah…!
Mbah : yo wes, sesok tak takokane pardi!
Jono : nggeh pun lek ngoten kulo nyuwun pamet, matur suwun mbah!
Mbah : yo…..yo…….!
Jono : assalamu’alaikum……..
Mbah : wa’alaikum salam…….

Akhirnya anto dan jono merasa lega atas keputusan mbah marijan. Malam terus berlarut, pagi datang menyambut. Tepat jam sembilan anto dan jono ketemuan di pos ronda.

Jono : to…..! mbah marijan wes nang pardi opo durung yo….?
Anto : mbuh yo……! Mugo-mugo wae wes beres. Wes ora usah dipikir.
Jono : ojo ngono to………….1 aku yo ora penak.
Anto : umpamane dompete ora ketemu yo ora opo-opo, aku wes iklas kok!
Jono : iklas….yo………. iklas……. Nanging……
Pardi : to…….to….! iki wes tak temokne dompetmu!
Anto : iyo…..iki dompetku. Ketemu nang ndi?
Pardi ; aku nemokne mau esok nang dalan kulan omahku!
Anto : lho kok ketemu nang kono….?
Pardi : aku yo ora ngerti, aku mau pas arep nang pasar kok ngerti dompet nang pinggir dalan. Langsung wae tak gowo…..!
Anto : lho kok iso yo………….! Nanging duite kok amblas?
Jono : lha…..! ono duite piro?
Anto : 175.ewu. duit arep tak gawe mbayar sekolahe anakku!
Jono : ono liyane maneh ta seng ilang?
Anto : ora…ora ono! KTPku yo sek komplit. Duite tok seng amblas. Di kowe ora nemu wes ora ono duwite?
Pardi : ora ngerti aku….! Aku ora mbukak blas. Ngerti iku dompet, langsung tak jupuk terus tak gowo mrene iki.
Anto : yo wes, wes kadung. Seng penting mbalek. Duite wes rak iklasne wae!
Jono : yo…..nggak opo-opo mbok iklasne nanging sopo sing jupuk dompetmu, nggarai wong bingung wae. Lek ngerti ngono mentolo tak bacok tangane.
Anto : wes…wes ta lah! Ora usah di gawe masalah, seng penting dompetku mbalik.
Pardi ; yo……ngono wae, iklasno wae, lha malinge yo ora ngerti. Seng pentingkan dompete mbalik.
Pak RT :assalamu’alaikum…….
3 org : wa’alaikum salam…….
Pak RT : piye dompetmu to?
Anto : nggeh alhamdulillah sampun mbalik.
Pak RT : isi ne piye?
Anto : nggeh ingkang penting-penting mbalik
Jono : nanging artone amblas pak!
Pak RT : sang semokne mau sopo?
Jono : pardi!
Pak RT : ketemu nang ndi iku mau di?
Pardi : anu pak, dek wau kulo pendet teng rencang kulo. Cirose de e nggeh nemoaken dompet teng dalan ngarep nggreyone wau enjing.
Jono : lho……..jaremu mau mbok temukne nang dalan pas awakmu arep nang pasar….?
Pardi : eh iyo…..! aku mau salah ngomong. Maksudku ditemokne koncoku, terus diwehne aku….! Ngapuntene lali……! Waduh……….wes awan. Kulo tak teng peken riyen nggeh pal RT…..!
Jono : lho…..lho……..di….di……..!
Pardi : mengko wae tak jelaske maneh. ( langsung pergi ketika melihat mbah marijan )
Mbah : assalamu’alaikum……
3 org : wa’alaikum salam……..
Mbah :piye dompete?
Pak RT : sampun mbalik mbah, nanging duite amblas!
Mbah : lha…pardi arep nang ndi? Kok kesusu ngaleh?
Pak RT : badhe teng peken cirose!
Mbah : oh…………! Seng nemukne mau sopo?
Pak RT : kawitan pardi ngomong ditemukne piambak pas bade teng peken. Iyo no?
Jono : nggeh……..!
Pak RT : terus ngomong teng kulo, dipendet saking rencange. Rencange ingkang nemukne teng dalan. Terus diparingaken pardi.
Mbah : lho……lho…..lho…..! kok slewa-slewe ngomonge!
Jono : lha..niku engkang garai kulo mboten percoyo!
Mbah : Oh….yo! aku ngerti saiki, pardi etok-etoke nemu soka kancane, nanging sakjane, pardi dewe seng nemu. Yo…………yo….yo!
Pak RT oh……….ngoten to……….!
Jono : terus sak niki dhos pundi pak RT? Nopo pardi di sidang teng balai desa mawon?
Mbah : ojo………….! Ora usah ngono. Iki seng ngerti masalah iki mung wong iki tok to?
Pak RT : enggeh mbah! Ito to no.!
Jono : enggeh mbah!
Mbah : yo wes, saiki awake dewe nang omahe pardi, ngomong apik-apikan wae, lek mengko pardi ora ngaku, yo wes sak karepmu arep mbok apakne.
Pak RT : nggeh mbah……nggeh!
anto : nanging mbah, pardi tasik teng peken!
Jono : ngomonge mau ngono, lha sopo nerti pardi etok-etok nang pasar!
Pak RT : yo wes seng penting saiki ayp mrono nang omahe pardi, lek ora ono yo mengko janjian jam piro awake dewe mrono maneh.!
Mbah : yowes, ayo ndang budal.!
Anto : monggo………!
Jono : ayo…………..!

Akhirnya mereka berempat pergi menuju rumahnya pardi dan terynata pardi tidak kepasar, tetapi di rumah dengan istrinya.

Pardi : dek, aku tak turu sek, mengko lek ono seng goleki, ngomango sesok wae!
Sumi : ono opo to mas? Kok sajake bingung karepe dewe?
Perdi : wes ta lah ora usah dipikir, ora ono opo-opo! Aku tak turu sek!

Pak RT : assalamu ‘alaikum………..
Sumi : wa’alaikum salam………..! monggo pinarak! Kok rame-rame niki wonten nopo pak RT?
Pak RT : pardi ono ta?
Sumi : wonten pak, mas pardi tasek tilem!
Pak RT : turu………?
Sumi : nggeh pak,
Pak RT : dek mau sek tas ketemu, jarene nang pasar, kok saiki turu. Gugahen.!
Sumi : nggeh………….nggeh pak RT
Jono : lho…………! Nggeh to pak, ngomonge pun mboten bener……….!
Pak RT : sst……….! Ojo ngomong seng macem-macem!
Jono : nggeh………..nggeh……..pak!

(sumi : mas tangi……….! digoleki pak RT iku lho…….!
Pardi : ngomongo aku sek turu!
Sumi : nang pak RT kon nggugah! Tangio, ono urusan penting ketoke!
Pardi : hah…………! Yo wes
Sumi : ono opo to mas, kok koyoe ono masalah!
Pardi : wes ora ono opo-opo! )

Pardi : wonten nopo pek RT?
Pak Rt : iki masalah dompete pardi seng mbok temokne!
Pardi : nggeh.! Wonten nopo?
Pak RT : kowe ngerti sopo seng nemokne dompete anto.?
Pardi : nggeh…kulo sumerap. Engkang nemokne rencang kulo!
Pak RT : temen tho? Awakmu ora ngapusi.?
Pardi : leres pak RT. Nopo pak RT mboten percoyo kalian kulo!?

Sumi : monggo di unjuk pak……!
Pak RT : yo…….!
Sumi : kulo tak teng wingkeng rumiyen..!

Pak RT : ora ngono….! Aku mung takok sopo sak jane seng nemokne dompete anto…!
Pardiu : nanging sampean kok tetep gak percoyo lek seng nemokne iku koncoku!
Pak RT : sek…sek tho ojo nesu disek>>..!
Pardi : lha kat mau es tak jelasne, aku ora nemokne, seng nemokne iku koncoku, aku mung dititipi….!
Mbah : wes di…………….! Awakmu ora usah nesu, sak iki kowe ngomang seng bener jujur. Tak takoni, jawaben seng bener. Awake dewe ora bakalan mbocorne masalah iki. Seng jupuk dompete anto sopo…………?
Pardi : Aaaaaaaaa………nu, anu……….!
Mbah : Wes ta lah, lek awakmu gelem jujur, awake dewe kabeh nyepurani kowe. Ngomongo, kowe ngerti tho?
Pardi : sak derenge, ngapuntene, nggeh kulo engkang mendet mbah………! Kulo nywun ngapunten. Wau dalu kulo bingung, anak kulo wayahe mbayar, kulo mboten gadah arto. Warung kulo nggeh sampun sepi. Kulo bingung madosi duit teng pundi.
Mbah : yo……..iyo……! aku ngerti, nangu\ing ora ngono iku carane!
Pardi : enggeh mbah, kulo nggeh ngertos kulo salah, khilaf. Sampun sak niki sak karepe jenengan, kulo terimo….
Mbah : anto….!
Anto : ngeh mbah……..!
Mbah : saiki piye njalukmu?
Anto : nggeh kulo saget maklumi, kulo sepurani salahipun pardi, artone menawi saget nggeh monggo diganti, menawi mboten nggeh sak karepe pardi bade mangsulaken kapan…..!
Mbah : kowe wes krungu dewe tho..! anto ngiklasne, yo ngpuro kabeh salahu.
Pardi : nggeh mbah, matur suwun………………!
Mbah : wes saiki awakmu njaluk sepuro nang anto…!
Pardi : nggeh, to…..aku jaluk sepuro, aku pancene salah, aku wes gawe kowe susah,
Anto : yo……..iyo! aku wes nyepurani awakwu………..! nanging ojo dobaleni maneh, lek pancene butuh opo-opo, ngomong wae sak onone, lek iso awake dewe yo mbantu kowe…
Pardi : matur suwun to…….!
Anto : yo.podo-podo…………..aku yo matur suwu, awakmu gelem jkuk dompetku,lek misale ora mbok jupuk iso-iso dijupok wong seng ora duwe ati.
Jono : iyo di…………..! iku jenenge konco seng sae………………
Pak RT : yo untung wae seng nemu pardi, lek seng nemu copet….! Wes ora bakal mbalek……….!ha.
Mbah : awake dewe iku dulur, loro siji loro kabeh waras siji waras kabeh. Ono masalah siji, yo ayo di rampungne bareng bareng, enteng yo podo di jinjing, lek abot ayo podo di pikul……………………………………….

SEKIAN

0 Coment:

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More